Durung suwe iki pancen wis tau dikabarake yen akeh
montor mabur sing padha nemahi kacilakan ing mancanegara utawa ing Indonesia.
Durung ana rong sasi kabar mau, lha kok kasusul maneh kedadeyan montor mabur
tiba durung suwe iki, pase ing desa Geplak, Kecamatan Karas, Magetan, Jawa
Timur rikala dina Rebo esuk kira-kira jam setengah pitu ing tanggal 20 Mei
2009, nalika bangsa Indonesia mengeti Hari Kebangkitan Nasional. Montor mabur
kang tiba lan kobong mau duweke TNI AU jinis Hercules C-130 nomere A-1325.
Miturut pawarta saka layang kabar lan tivi, montor mabur kasebut budhal saka
pangkalan Lapangan Udara Halim Perdanakusuma Jakarta lan arep tumuju dhaerah
Biak, Papua. Nanging durung nganti tekan papan kang tumuju, lan nalika arep
mampir ing Lapangan Udara Iswahyudi Madiun montor mabur kasebut nemahi
kacilakan.
Malah ing kedadeyan iki, luwih saka wong satus
nemahi tiwas klebu warga desa sing omahe melu kenteban montor mabur kasebut.
Saliyane iku, ana wong 15 kang uga melu nandhang tatu abot lan entheng. Dene
omah-omah ing desa kasebut sing kenteban lan ndadekake remuk lan kobonge
udakara patang omah. Ana sing ajur mumur lan ana sing payone remuk tanpa sisa.
Kanthi anane kacilakan montor mabur duweke TNI AU kasebut mesthi wae ndadekake
warga ing sacedhake pangkalan mau dadi padha jinja. Ing atase ora ngerti
apa-apa, ngerti-ngerti ketiban sial.
Sing cetha kacilakan Hercules C-130 duweke TNI AU
mau nambahi tansaya akeh dhaftar kacilakan montor mabur duweke TNI AU. Pancen
akeh sing kandha yen sejatine montor mabur-montor mabur duweke negara mau akeh
sing wis padha tuwa lan kudu diganti. Nanging gandheng kanthi alesan anggaran
ora nyukupi, kepeksa montor mabur tuwa isih tetep digunakake kanggo ngangkut
wong lan barang-barang liyane. Apa ya pancen kacilakan mau bener-bener amarga
saka umure montor mabur sing wis tuwa utawa saka sebab liyane? Ditunggu wae
asil saka katrangane pamarintah bab sebab-musababe kacilakan montor mabur
kasebut.
No comments:
Post a Comment