Wednesday, May 13, 2015

Conto Teks Pranatacara - Wisuda

Pranatacara
Wisudha Purna Siswa

            Assalamualaikum Wr. Wb
            Bapak Ibu wali murid para siswa-siswi ingkang satuhu kinurmatan,  Kepala Sekolah SMP 1 Bantul,  Bapak ................................., Bapak Ibu guru SMP 1 Bantul, saha para siswa-siswi kelas IX SMP 1 Bantul ingkang dhahat kinurmatan. Keparenga ing ngriki kula sumela atur awit saking kersanipun wakil ketua panitya kula kapatah minangka pranatacara supados mratitisaken lampahing acara Wisudha Purna Siswa SMP 1 Bantul taun ajaran 2012/2013.
            Saderengipun kula aturaken menggah rantamaing tata acara keparenga sumangga kula dherekaken ngunjukkaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha kuwaos awit saking keparingipun kula panjenengan saged kempal ngrawuhi acara Wisudha Purna Siswa SMP 1 Bantul ing enjang menika. Wondene rantamaning acara ingkang sampun kaserat inggih punika...
1.     Pambuka
2.     Pangayubagya
·       Ketua panitia
·       Kepala sekolah
3.     Pamit wakil wisudhawan
4.     Sumene/hiburan
5.     Doa
6.     Panutup
            Makaten kalawau menggah urut reroncening acara ingkang sampun karantam dening panitya.
            Para rawuh ingkang satuhu kinurmatan, kangge ngengeti wekdal, enggal kemawon acara kapurwakani kanthi pambuka miturut agami kapitadosan piyambak-piyambak, ingkang ngrasuk agami Islam kanthi maos lafal Bassmallah, ingkang agami sanesipun kula sumanggakaken.......... Matur nuwun mugi kanthi donga kasebat saged ndayani lancar saha rancaging acara ing enjang punika.
            Acara ingkang kalih inggih punika atur pangandikan saking ketua panitya ingkang kasalirani dening sodara/i......., dhumateng sodara/i....... wekdal saha papan sumangga katur....

            Makaten kalawau pangandikan saking ketua panitya, kawula aturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan. Ing salajengipun saking Kepala Sekolah SMP 1 Bantul kepareng badhe paring pangandikan, dhumateng Bapak...... wekdal saha papan sumangga katur....
            Para rawuh ingkang satuhu kinurmatan, pangandikan saking ngarsanipun Bapak Kepala Sekolah sampun paripurna pramila kula aturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan.
            Acara ingkang saklajengipun acara angka 3 inggih menika pamit wakil wisudhawan. Dhumateng sodara/i wakil siswa kelas IX....... kepareng badhe paring pangandikan....
            Ing wekdal menika, acara sampun dumugi wonten acara angka 4 inggih menika sumene. Dhumateng para rawuh sumangga anggenipun ngladosaken dhaharan saha unjukan, lan dhumateng para rawuh kaaturan dhahar saha ngunjuk kanthi sinambi mirsani pasugatan pentas seni saking siswa-siswi kelas VII lan VIII SMP 1 Bantul. Sumangga.....
            Para rawuh ingkang kinurmatan, Bapak kaum Bapak ............. kepareng badhe mangarsani acara donga, wekdal saha papan sumangga katur.......
            Kula aturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng Bapak Sarjoko ingkang sampun kepareng mangarsani donga.
            Bapak Ibu wali murid para siswa-siswi ingkang satuhu kinurmatan, Kepala Sekolah SMP 1 Bantul,  Bapak ................................, M.Pd, Bapak Ibu guru SMP 1 Bantul, saha para siswa-siswi kelas IX SMP 1 Bantul ingkang dhahat kinurmatan. Purwa madya dumugi wasana acara sampun lumampah lanthi rancag kalis ing rubeda, tanpa rinaos sampun dumugi puputing acara inggih menika acara panutup. Ananging saderengipun mbok bilih anggen kula nglantraken acara pinanggih kalepatan tuwin kekirangan pramila kula tansah nyuwun agunging pangaksami. Wasana sumangga acara Wisudha Purna Siswa SMP 1 Bantul ing enjang menika katutup kanthi muji syukur miturut agami kapitadosan piyambak-piyambak, ingkang ngrasuk agami Islam kanthi maos lafal hamdallah, ingkang agami sanesipun kula sumanggakaken. Cekap semanten lan mekaten atur kula.

            Wassalamualaikum Wr. Wb

Demikian contoh teks Pranatacara atau teks pembawa acara basa Jawa dari saya. Semoga bermanfaat terimakasih :)

Pengalaman Apply Kerja di salah satu startup logistic di Indonesia

  As a result, we have decided to pursue other candidates who more closely fit our needs Itu adalah kalimat yang masuk ke emailku hari ini w...